Song parody of
Atur Jujug (feat. Kanjeng Ganyong, Musisi Banyumas, Seniman Jawa, Penginyongan, Jawa Ngapak & @dpstudioprod)
by Dedy Pitak
Here's where you get creative! Use our cool song parody creator to make a totally new musical idea and lyrics for the Atur Jujug (feat. Kanjeng Ganyong, Musisi Banyumas, Seniman Jawa, Penginyongan, Jawa Ngapak & @dpstudioprod) song by Dedy Pitak.
Simply click on any word to get rhyming words suggestion to use instead of the original ones. You may also remove or alter entire lines if needed — when you're done save your work and share it with our community — have fun!
Syukur klangkung dumatheng Kang Maha Agung
Album Dedy Pitak Kanjeng Ganyong Rampung
Matur suwun sumambrah kadang sedaya
Merga gumolong gilig temen makarya
Album anyar katela tenger PAWELING
Nggo pengeling karepe ben ora pangling
Maring budayane dewek pengiyongan
Renggang gula kemepyur pulut seduluran
Gayeng anget kidung dendang banyumasan
Mbleketaket nylekamin tur klenyis pisan
Ndaweg mangga ngunjara lega geal - geol
Sinambi nunggu album sebacute ndongol
Urip pisan sedulur nang ngalam ndunya
Ora ilok sedulur pada ngresula
Luruh pahal sandang pangan kudu berkah
Ati bungah dalane ndlendheng blewerah
Damar mancung cinupet idin klilan
Jenang sela wader kali sesonderan
Gunung Slamet serayu kali bengawan
Sugeng midhanget mugiya sami kepranan
Mugiya sami... kepranan
Syukur klangkung dumatheng Kang Maha Agung
Album Dedy Pitak Kanjeng Ganyong Rampung
Matur suwun sumambrah kadang sedaya
Merga gumolong gilig temen makarya
Album anyar katela tenger PAWELING
Nggo pengeling karepe ben ora pangling
Maring budayane dewek pengiyongan
Renggang gula kemepyur pulut seduluran
Gayeng anget kidung dendang banyumasan
Mbleketaket nylekamin tur klenyis pisan
Ndaweg mangga ngunjara lega geal - geol
Sinambi nunggu album sebacute ndongol
Urip pisan sedulur nang ngalam ndunya
Ora ilok sedulur pada ngresula
Luruh pahal sandang pangan kudu berkah
Ati bungah dalane ndlendheng blewerah
Damar mancung cinupet idin klilan
Jenang sela wader kali sesonderan
Gunung Slamet serayu kali bengawan
Sugeng midhanget mugiya sami kepranan
Mugiya sami... kepranan